Ana kidung rumeksa ing wengi,
teguh ayu luputa ing lara,
luputa bilahi kabeh,
jin setan datan purun,
paneluhan tan ana wani,
miwah panggawe ala,
gunane wong luput,
geni anemahan tirta,
maling adoh tan ana ngarah ing kami,
guna duduk pan sirna.
Sakehin lara pan samja bali,
sakehing ama sami miruda,
welas asih pandulune,
sakehing bradja luput,
kadi kapuk tibanireki,
sakehing wisa tawa,
sato kuda tutut,
kayu aeng lemah sangar songing landak,
guwaning mong lemah miring,
mjang pakiponing merak.
Pagupakaning warak sakalir,
nadyan artja mjang sagara asat,
satemah rahayu kabeh,
dadi sarira aju,
ingideran mring widhadari,
rinekseng malaekat,
sakatahing rusuh,
pan dan sarira tunggal,
ati Adam utekku Bagenda Esis,
pangucapku ya Musa.
Napasingun Nabi Isa luwih,
Nabi Yakub pamiyarsaningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dawud swaraku,
Yang Suleman kasekten mami,
Ibrahim nyawaningwang,
Idris ing rambutku,
Bagendali kulitingwang,
Abu Bakar getih,
daging Umar singgih,
balung Bagenda Usman.
Sungsumingsun Fatimah Linuwih,
Siti Aminah bajuning angga,
Ayub minangka ususe,
sakehing wulu tuwuh,
ing sarira tunggal lan Nabi,
Cahyaku ya Muhammad,
panduluku Rasul,
pinajungan Adam syara",
sampun pepak sakatahing para nabi,
dadi sarira tunggal.
Wiji sawiji mulane dadi,
pan apencar dadiya sining jagad,
kasamadan dening Dzate,
kang maca kang angrungu,
kang anurat ingkang nimpeni,
rahayu ingkang badan,
kinarya sesembur,
winacaknaing toja,
kinarya dus rara tuwa gelis laki,
wong edan dadi waras.
Lamun arsa tulus nandur pari
puwasaa sawengi sadina,
iderana gelengane,
wacanen kidung iki,
sakeh ama tan ana wani,
miwah yen ginawa prang
wateken ing sekul,
antuka tigang pulukan,
mungsuhira lerep datan ana wani,
teguh ayu pajudan.
Lamun ora bisa maca kaki,
winawera kinarya ajimat,
teguh ayu penemune,
lamun ginawa nglurug,
mungsuhira datan udani,
luput senjata uwa,
iku pamrihipun,
sabarang pakaryanira,
pan rineksa dening
Yang Kang Maha Suci,
sakarsane tineken.
Lamun ana wong kabanda kaki,
lan kadenda kang kabotan utang,
poma kidung iku bae,
wacakna tengah dalu,
ping salawe den banget mamrih,
luwaring kang kabanda,
kang dinenda wurung,
dedosane ingapura,
wong kang utang sinauran ing Yang Widdhi,
kang dadi waras.
Sing sapa reke arsa nglakoni,
amutiha amawa,
patang puluh dina wae,
lan tangi wektu subuh,
lan den sabar sukur ing ati,
Insya Allah tineken,
sakarsanireku,
njawabi nak - rakyatira,
saking sawab ing ilmu
pangiket mami,
duk aneng Kalijaga.
9 Komentar:
Pada 14 Desember 2007 pukul 14.56 ,
Reporter mengatakan...
apakah ada mp3 kidung di atas?
kalau ada, bisakah di send ke saya?
mail@kunto.id.or.id
terima kasih banyak
Pada 25 Maret 2010 pukul 12.21 ,
Nja mengatakan...
menawi tembangipun wonten? menawi wonten, kepareng kulo nyuwun..ngaturaken agungin panuwun..
sanja.gentho@gmail.com
Pada 25 Maret 2010 pukul 12.21 ,
Nja mengatakan...
menawi tembangipun wonten boten? menawi wonten, kepareng kulo nyuwun..nderek prikso...hangaturaken agungin panuwun..
sanja.gentho@gmail.com
Pada 27 April 2010 pukul 02.20 ,
panca mengatakan...
kula remen sanget kaliyan kidung punika punapa wonten malih kidung sunan kalijaga lintune nuwun
Pada 19 Desember 2010 pukul 04.51 ,
Kidung Sale mengatakan...
Alhamdulillah,sae sanget mugi saestu saget kangge tambahing kawruh kita sedaya ingkang mersudi mrih lestarining budaya jawi ingkang adi
Pada 19 Desember 2010 pukul 04.54 ,
Kidung Sale mengatakan...
Salam pitepangan katur keluarga ageng Gelora hati
Pada 15 September 2011 pukul 07.36 ,
sutowijoyo mengatakan...
nuwun sewu nywun pangapuranipun nembe saget online malih sebab nembe mawon mandap saking nyepi 4 thn niki tapi alhamdulillah maturnuwun sampun nyantel teng blog kulo niki
Pada 8 Mei 2012 pukul 19.04 ,
Tanda TanYa mengatakan...
sajaipun sae nggih...
Pada 12 Juni 2012 pukul 00.39 ,
Unknown mengatakan...
Pupuh engkang sa'liyonipun pundi?
kados pupuh kinanthi
pupuh dandang gula
pupuh sinom pipil
Posting Komentar
Berlangganan Posting Komentar [Atom]
<< Beranda