1. Maskumambang :
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
2. Mijil :
ateges
3. Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
4. Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
5. Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau
6. Gambuh
saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen
7. Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma
Saka tembung darma / weweh. Wong yen
9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.
10.Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit
11.Pocung / Pucung
Yen
Sidagori ing Pacitan, Kaduwang si Klenthingmungil Endrayaksa ing Magetan, Jenggala si Tujungputih, Prangmuka Surabanggi.
Pananggulang Abur-abur Sapujagad ing Jipang, Madiyun si Kalasekti, pan si Koreb lelembut ing Pranaraga.
Singabarong Jagaraga, Majenang Trenggilingwesi, Macan guguh Garobogan, Kalajangga Singasari, Sarengat Barukuping Balitar si Kalakatung, Butakurda ing Rawa, Kalangbret si Sekargambir, Carub-awor kang rumekso ing Lamongan.
Gurnita ing Puspalaya, si Lempur ing Pilangputih, si Lancuk aneng Balora, Pagambiran Kalasekti, Kedhunggene Ni Jenggi, Ki Bajangklewer puniku ngLangsem Kalabrahala Sdayu si Cicingmurti, Ki Jalangkah ing Candi Kahyanganira.
Semarang Baratkatiga, Pakalongan Gunturgeni, Pecalang si Sambangyuda, Sarwaka ing Sukawati ing Padhas Nyai Ragil, Jayalelana ing Suruh Butatrenggiling Tegal, ing Tegal si Guntinggeni, Kaliwungu Gutukapi kang rumeksa.
Magelang Ki Samaita, Dhadhungawuk Geseng nenggih, Butasalewah ing Pajang, Manda-manda ing Matawis, Paleret Rajekwesi, Kuthagede Nyai Panggung, Pragota Kartasura, Cirebon Setankoberi, Jurutaman ingkang aneng Tegallayang.
Genawati ing Seluman, Ki Kemandhang Wringinputih, si Karetek Pajajaran, Sapuregel ing Betawi, Ki Drusul ing Banawi, ingkang aneng Gunung Agung, Ki Tlekah ngawang-awang Ki Tapa ardi Marapi, Ni Taruki ingkang ana Tunjung Banag.
Setan kareteg ing Kendal, Pamasuhan Sapuangin, Kresnapada ing Rangkudan, Ni Pandansari ing Srisig, kang aneng Wanapeti, Palangkaarsa wastanipun, Ki Candung ing Sawahan, Plabuhan Ki Dudukwarih, Batutukang kang aneng Palayangan.
Ni rara Aris ing Bawang, ing Tidar Ki Kalasekti, Ki Padureksa Sundara Ki Jalela ardi Sumbing, Ngungrungan Kesbumurti, Ki Krama ardi Rebabu, Nirbangsan ardi Kombang,
Prabu Jaka ardi Kelir, Ajidipa gunung Kendheng kang den reksa.
Ing Pasisir Butakala, ing Tlacap si Kalasekti, Kalanadhah ing Banyumas, Sigaluh aran Prenthil Banjaran Ki Wewasi Kyai Korog ing Lowanu, gunung Duk Geniyara, Nyai Bureng Parangtritis, Drembamoha ingkang aneng Prabalingga.
Ki Kerta Sangkalbolongan, Kedhungandhong Winongsari ing Jenu Ki Karungkala, ing Pengging Banjaransari, ing Kedhu kang nenggani, anamaa Ki Candralatu, Gunung Kendhalisada Kethekputih kang nenggani, Butaglemboh ing Ayah kahyanganira.
Ni Rara Dhenok ing Dewak, ing Tubin Nyai Bathithing ing Kuwu Ki Juwalpayal, si Jungkit ing Guyanag nenggih, Trenggalek Ni Daruni, Tunjungseta Cmarasewu, Kalawadung Kenthongan, Jepara Ki Wanengtaji, Bagus Anom ing Kudus kahyanganiraa.
Magiri Ki Manglarmonga, ing Gading Ki Puspasari Ketanggung Ki Klanthungwelah, Brengkalan si banaspati, Ni Kopek ing Manolih, ing tengah si Sabukalu, Nglandhak Ki Mayangkara, si Gori Kedhungcuwiri, Baruklinthing ingkang ana ing Bahrawa.
Sunan Lawu ing Argapura, ing Bayat si Puspakati, Cucukdandang ing Kartikan, kulawarga Tasih Wedhi, kali Opak winarni, Sanggabuwana ranipun, si Kecek Pajarakan, Cingcinggoling Kaliwening, ing Dhahrama Ulawelang kang rumeksa.
Kang aneng Kayulandheyan, Ki Daruna Ni Daruni, Bagus Karang aneng RobanSungujaya Udanriris, Sidarangga Dalepih, si Gadhung Kedhunggarunggung, kang neng Bajanegara, Citranaya kang nenggani, Genapura kanaan aneng Majapura.
Ki Logenjang ing Juwana, ing Rembang si Bajulbali, Ki Lender ing Wirasaba, Madura Ki Butagrigis, kang ngreksa ing Matesih Jaranpanolih ranipun, Ki Londir Pacangakan, si Landhep ing Jataisari, Ondar-andir ingkanag aneng Jatimalang.
Arya Tiron ing Lodhaya, Sarpaabangsa aneng Pening, Perangtandanag ing Kasanga, ing Crewek Ki Mandamandi setan telagapasir, ingkang aran Ki Jalingkung, Kalanadhah ing
Tuntang, Bancuri Kalabancuri, kang rumekso sukune ardi Baita.
Ragadungik Randhulawang, ing Sendhang Retna Pengasih Butakapaa ing Prambanan, Bok Sampurna ardi Wilis, Raden Galinggangjati kang rumeksa Gajahmungkur, si Gendruk ing
Talpegat, Ngembet Raden Panjisari, Pagerwaja kang aran Udakusuma.
Ki Penthul ing Pakacangan, Cangakan si Dhodhotkawit kalangkung ing sektinira, titihane kudha putih, cakra payungireki lar waja kekemulipun, pan sami rinajegan, respati rajege wesi, camethine pat-upate ula lanang. Sinabetaken mangetan, ana lara teka bali, tinulak bali
mengetan mangidul, panyaberneki, lara prapta ambalik, tinulak bali mangidul ngulon banyabetira ana lara teka bali, pan tinulak mangulon bali kang lara.
Mangalor panyabetira, ana lara teka bali, mangalor balitinulak anulya nyabet manginggil, lara prapta ambalik tinulak bali mandhuwur nulya nyaber mangandhap, ana lara teka bali, pan tinulak larane bali mangandhap.
Dhemit kang aneng Jepara, lan dhemit kang aneng Pati kalangkung kasektenira, Juweyawastanireki, Gus rema Tambaksuli, Kudhapeksa ing Delanggung, Ki Klunthung
Ringinpethak, Ni Gambir ing Glagahwangi, si Kacubung Kadilangu kang den reksa.
Ni Duleg ing Pamancingan, Guwa langse Nini Suntring, kang rumeksa Parangwedang raden Arya Jayengwesti, kabeh urut pasisir, kulawarga Nyai Rara Kidul, sampun pepak sadaya,
paraa ratuning dhedhemit, nusa Jawa pangeran kang rumeksa.
Ana kidung rumeksa ing wengi,
teguh ayu luputa ing lara,
luputa bilahi kabeh,
jin setan datan purun,
paneluhan tan ana wani,
miwah panggawe ala,
gunane wong luput,
geni anemahan tirta,
maling adoh tan ana ngarah ing kami,
guna duduk pan sirna.
Sakehin lara pan samja bali,
sakehing ama sami miruda,
welas asih pandulune,
sakehing bradja luput,
kadi kapuk tibanireki,
sakehing wisa tawa,
sato kuda tutut,
kayu aeng lemah sangar songing landak,
guwaning mong lemah miring,
mjang pakiponing merak.
Pagupakaning warak sakalir,
nadyan artja mjang sagara asat,
satemah rahayu kabeh,
dadi sarira aju,
ingideran mring widhadari,
rinekseng malaekat,
sakatahing rusuh,
pan dan sarira tunggal,
ati Adam utekku Bagenda Esis,
pangucapku ya Musa.
Napasingun Nabi Isa luwih,
Nabi Yakub pamiyarsaningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dawud swaraku,
Yang Suleman kasekten mami,
Ibrahim nyawaningwang,
Idris ing rambutku,
Bagendali kulitingwang,
Abu Bakar getih,
daging Umar singgih,
balung Bagenda Usman.
Sungsumingsun Fatimah Linuwih,
Siti Aminah bajuning angga,
Ayub minangka ususe,
sakehing wulu tuwuh,
ing sarira tunggal lan Nabi,
Cahyaku ya Muhammad,
panduluku Rasul,
pinajungan Adam syara",
sampun pepak sakatahing para nabi,
dadi sarira tunggal.
Wiji sawiji mulane dadi,
pan apencar dadiya sining jagad,
kasamadan dening Dzate,
kang maca kang angrungu,
kang anurat ingkang nimpeni,
rahayu ingkang badan,
kinarya sesembur,
winacaknaing toja,
kinarya dus rara tuwa gelis laki,
wong edan dadi waras.
Lamun arsa tulus nandur pari
puwasaa sawengi sadina,
iderana gelengane,
wacanen kidung iki,
sakeh ama tan ana wani,
miwah yen ginawa prang
wateken ing sekul,
antuka tigang pulukan,
mungsuhira lerep datan ana wani,
teguh ayu pajudan.
Lamun ora bisa maca kaki,
winawera kinarya ajimat,
teguh ayu penemune,
lamun ginawa nglurug,
mungsuhira datan udani,
luput senjata uwa,
iku pamrihipun,
sabarang pakaryanira,
pan rineksa dening
Yang Kang Maha Suci,
sakarsane tineken.
Lamun ana wong kabanda kaki,
lan kadenda kang kabotan utang,
poma kidung iku bae,
wacakna tengah dalu,
ping salawe den banget mamrih,
luwaring kang kabanda,
kang dinenda wurung,
dedosane ingapura,
wong kang utang sinauran ing Yang Widdhi,
kang dadi waras.
Sing sapa reke arsa nglakoni,
amutiha amawa,
patang puluh dina wae,
lan tangi wektu subuh,
lan den sabar sukur ing ati,
Insya Allah tineken,
sakarsanireku,
njawabi nak - rakyatira,
saking sawab ing ilmu
pangiket mami,
duk aneng Kalijaga.